pangestune maah..



Mah.. mas wingi nembe rampung prakondisi sm3t, alhamdulillah angsal penempatan di Kabupaten Kutai Barat teng kalimantan timur.

Mas taseh sakit mah, radang kaleh flu.. teng solotigo wingi atis nemen kaleh kebak banget kegiatane. Ndilalah pas badhe rampung nembe kroso nggreges, ditambah wingi wangsule motoran teng semarang.

Kolo wingi pas teng mriko, katah sing do diterke kaleh dijemput keluargane mah.. pas teng asrama yo katah sing sering ditelfon keluargane. Pengen si, tapi yo mboten ngantos iri mah. Alhamdulillah pas badhe mangkat wingi mpun diwejangi papah, disangoni mbak reni, kaleh disemangati rian.. pas teng mriko yo nate ditelfon omah, kaleh ditelfon pacar..hehe.. (you should meet her, mom)

Tanggal 1 ngenjang badhe mangkat kalimantan mah, numpak pesawat saking ahmad yani.. mas nyuwun restune, Insya Allah pengen dados pendidik ingkang migunani.. ben saged ndamel daerahe maju, kaliyan ndadosaken amal sae sing katah.. aamiin,

Salam sayang ugi kagem mamah uci’...

0 komentar:

Posting Komentar

Diberdayakan oleh Blogger.